Nskah Drama Jawa - Bakul Jamu Nggawe Cilaka

Bakul Jamu Nggawa Cilaka

Ing deso Suka Makmur, ana bakul jamu gendong kang ora laris. Penghasilane ora mesti, paling akeh yoooo kiro kiro 15 ewu saben dino. Saben awan Sri njajahake jamune ing sekolah sekolah. Salah sawijiniing sekolah kang ditekani yaiku SMA Tunas bangsa.
Sri     : “Jamu jamu dek, beras kencur, sinom, kunci soro, dijamin yen ngombe iki iso sehat kuat wal afiat. 
Doni : “Yoalahh mbak mbak, saiki jamu jamu ngunu wes ora jaman toh, saiki iku jamane isotonik, energy drink, kratingdaeng. Yen pingin dodolan jamu ing kono ae mbak ing pinggire balai desa, ono panti jompo ing kunu. Laris laris mbak, 10 menit wes ludhes, entek  hahaha
Sri     : “Oh ngunu toh dek, oke. Aku tak budal sek dek. Maturnuwun sarane.”
Doni : “Monggo mbak, ati-ati.
Sri langsung budhal menyang panti jompo kang kasebut karo Doni mau. Wayah teka ing panti jompo Sri kaget.
Sri     : “Lho kok sepi, ora ono wong blas iki. Wooo aku berarti diapusi iki, awas kesok yo lek ketemu. Bokonge tak cetole sampek abang mbranang. Moleh ae wes, kesel iki wesan.
Sri langsung menyang omahe kanggo istirahat.
          Kesoke, Sri siap siap kanggo njajaake jamune ing sekolah-sekolah. Nanging, ing pinggir dalan Sri ketemu bocah wadon 2 kang bolos sekolah. Nalika Sri arep ngilingno bocah wadon kuwi, Sri ngrungokno opo wae kang diomongake bocah wadon kuwi.
Dina : “Din awakmu kuat ngentekno pirang permen wingi bengi?”
Dini   : “Aku ngentekake 10 permen, tapi wes entek cadangan ku gawe kesok, awakmu duwe ora, aku njaluk?
Dina : “Aku mek duwe 1 iki din, yakopo iki?
Sri langsung nyauti omong bacah wadon kuwi.
Sri     : “Oalah, bocah bocah iki kok podo bingung amarga ora nduwe permen, iki loh aku kebeneran nduwe permen, tukuen 500 oleh 3 dek.”
Dini   : “500 oleh 3? Kok murah temen mbak? Tak tukune mbak!
Sri     : “Nyah, iki!”
Dina : Walah mbak, kok permen iki seh, permen iki iku digawe bocah bocah cilik kang isih umbelen mbak, iki seng kenyal kenyol iku seh? Lek gawe bocah bocah nom noman koyok aku yo gak payu toh mbak. Permen iku koyo ngene, iso nggarakno ngefly miber ingkang langit kepitu hahaha
Dini   : “Iyo mbak, dodolo permen ngunu, dijamin laris manis mbak. Uripe sampean dijamin lancar jaya makmur sejahtera kayata pejabat pejabat.”
Sri     : “Walah, bacah-bocah iki edan tenan mosok barang haram ngunu dikonsumsi.
Dini   : “Mbak ora ngerti seh, nah aku nduwe ide, yakopo yen mbak dodolan permen iki, tak jamin kanca-kancaku bakalan akeh kang tuku. Aku kenal karo kang dodol mbak. Mbak gelem opo ora?
Sri     : “Hmm, iyo wes dek”
Sri dikandina arahe karo bocah bocah nakal iku. Lan sakwise, Sri langsung ninggalake bocah loro mau. (Nunjukno arah nang Bandar)
Ing ndalan Sri mikir suwe opo kang diomongake karo bocah wadon kuwi.
Sri     : “Waduh kudu lapo aku iki, opo kang diomongake bocah wadon 2 kuwi ono benere pisan, yen aku dodolan permen iku uripku bakalan enak ora kayak ngene, tapi iku barang haram. Mmmm. Wes talah ora usah dipikir. Duso ditanggung mburi, penting kan uripku dadi enak.
          Kesok e Sri budal menyang wong kang dodol permen iku lan tibake bandar narkoba kui. Wayah tutuk ing nggone bandar, Sri langsung disambut ramah karo  bandar narkobane.
Sri     : “Nuwunsewu. Sugeng sonten, Pak”
Bandar Lanang           : “Monggo mbak, wonten napa? Monggo pinarak.
Sri     : “Dados ngeten pak, kulo bade tumbas barang ingkang kasebut lare-lare permen ingkang ndamel ngefly niku? Wonten pak barange?”
Bandar   : “O, ekstasi nggeh  mbak. Katah mbak, niki regine setunggal  pil 5 ewu, nanging panjenengan saget nyade 200 ewu saben pil. Lare-lare mesti purun mbak. Dados, lek sampek lare niku wau ketagihan, sedoyo mesthi dilakokake ben permen iki di tumbas
Sri     : “Wihh, nggih cepet sugih kulo pak, oke kulo jajal rumiyin tumbas 20 iji.”
Bandar   : “Sekedap mbak, kulo siapaken.”
          (Sri ngenteni ambek ndelok jam clingak clinguk)
Bandar   : “Niki mbak, kabeh totale emmm, 25 yuto mbak.”
Sri     : “Loh pak, ngendikane 5000 saben iji, kok ngantos 25 yuto?”
Bandar : “Ehh ngapunten mbak salah, niki ijir-ijiran tilane pelanggan kang wau tumbas 5000 iji, dados totale 100 ewu mbak.”
Sri     : “Walah pak ngageti mawon, niki nyatrane, diitung rumiyin. Lek lebih wangsulaken lek kurang yo menengo pak hahaha.”
Bandar   : “Loh aku iki duduk arek cilik mbak, lek lebih yo meneng aku mbak hehe”
Sri     : “sak sir mu pak. Aku tak balik rumiyin. Seneng bisnis karo sampeyan.”
Bandar   : “maturnuwun sanget mbak, dugi o maleh.”
Sri     : “Siap pak”
          Sawentara iku, ing kantor polisi, para polisi pada mari nugas, dadi pada istirahat ing kantin kantor. Ing kunu ono 2 polisi lanang wadon.
Polisi wadon   : “Lapo bro? Lagi mikiri sopo sampeyan?”
Polisi lanang    : “Yo sopo maneh lek gak arek iku, biasa bujangan isih ora duwe bojo lak ngene iki.”
Polisi wadon   : “Sopo seh? Oalah, arek ayu, putih, nanging rodok megelno iku tah? Lapo toh dipikir maneh, wong seng kunu ora mesti gelem karo sampean.”
Polisi lanang    : “Opo salahe toh mikiri wong kang daktresnani, masio iku namung khayalan.”
Polisi wadon   : “Sekarepe sampeyan wes masbro! Eh, geneya? Kesok sido opo ora ngobrak-ngobraki bandar lan patroli ing deso Suka Makmur?”
Polisi lanang : “Yo sido toh, wong iku bagiane awakdewe, kudu dilakokno ikhlas lan tanggung jawab.”
Polisi wadon   : “Kiro kiro jam piro awakdewe budal?”
Polisi lanang    : “Yen jare kapolsek e yo jam 8 budal tekan kene, dadi jam 10 iso totok kono.”
Polisi wadon   : “Oke yen ngunu, awakdewe kudu kerja bareng bro, ben narkoba ing Suka Makmur bisa dientekno dening awakdewe.”
Polisi lanang    : “Sip! 2 jempol gawe sampean.”
Kesoke, Sri njajahake barang dagangan kang anyar kuwi, banjur Dina, Dunu, Doni marani Sri.
Sri     : “Jamu.. jamuu.. jamune mbak, mas..”
Dina : “Mbak jamuuu, yaopo permen sing tak pesen ono ora?”
Sri     : “Permen seng iki ta?” (ambek nduduhno permene)
Dini   : “Sip mbak, permen  iki loh seng tak maksud.”
Dunu : “Loh mbak, tapi kok mek sak mene? Mek 3 ngene, yo yakopo digawe pesta ekstasi engkok karo arek arek?”
Sri     : “Tenang, sek onok maneh… lahh iki loh entekno, masi sampek mulai bengi sampek bengi maneh yo ndak kiro entek.”
Dina : “Wuuuhh, yooo sip mbak. Ngunu ra dadi bakul jamu kekinian.” (tos)
Sri     : “Yo iyolah, sadar saiki aku, kudu meloki majune jaman. Lek dodol jamu tok kapan sogihe.”
Dunu : “Haha iyo mbak, kesok dodol maneh yo, mbalik rene maneh. Gakenak gak ngemut kenekan mbak, awak koyok loro kabeh.”
Sri     : “Siap dek.”
          Tanpa disadari kegiatane arek-arek iku mau dideleng ambek Abil. Terus Abiul ngelaporno.
Abil   : “Loh lapo arek arek iku, iki kudu ndang-ndang tak laporno.”
          Ing kantor polisi
Abil   : “Pak! Pak! Kula wau mirsani wonten lare-lare badhe pesta ekstasi.”
Polisi : “Loh nang ndi panggonane nduk?”
Abil   : “Niki loh pak dhateng pos ronda celak masjid.”
Polisi : “Ayo-ayo kudu ndang ditangani iku.”
Polisi lan abil marani arek-arek sing ngadaknoi pesta ekstasi iku.
Doni : “Yuhuuu. Wueehh, awakmu ngerti oii, aku iki mulai mbiyen ndak diterimo terimo, wes telung tahun bayangno aku ngenteni telung tahun.”
Dini   :  “Wes talah lalekno kabeh wes, penting saiki seneng seneng, wooeehh.”
Dunu : ”Pellet aee weesss josss… dijaminn manjurr pokok dukunmu kuatt hahahaa.”
Doni : “Dukun dukun siramu peangg ndukun iku gak oleeehh, gak apikk.”
Dina : “Weleh weleehh Doni saiki ngerti sing apik  karo gak tohh woeehh.” (karo tepuk tangan)
Doni : “Woohh yo iyo thaaa.. ehh tapii…”
Dini   : “Tapi opo tho Don?”
Doni : “Tapi …. Tapi…. Dukun sing apik kuwi neng ndi?”
Dunu : “Hoalah, Don Don tak piker mau jarene dukun ndak apik “
Dina : “Wes, wes, wes … Saiki aku nduwe iki … “ (ambek ndudukno permen)
Dini   : “Yo lanjut men ….!”
          Bebarengan wektu iku, polisi nggrebek panggonan pesta narkoba iku.
Polisi : “Ojok obah! Angkat sikil!”
Polisi Wadon : “Eh salah, angkat tangan!”
Polisi : “Oh iyo angkat tangan! Amanno!’’
Dunu : “Pak kulo salah nopo se?”
Abil   : “Lah kan! Bener jareku. Arek-arek iki pancene ndaonok seng bener.”
Dini  : “Kula badhe wangsul pak e … Biyungku ngerantos kula.”
Polisi : “Wes Ayo ndak usah kakean alesan. Ayo melu aku nang kantor polisi.”
          Banjur arek-arek iku mau di introgasi, lan akhire ngomong teko sopo narkoba iku entuk. Polisi diskusi karo Abil gae njebak tukang jamu. Ing dina kisuke rencana iku kelakon.
Sri     : “Jamu jamu…”
Abil    :  “Mbak mbak aku dikandina koncoku yen samean ngedol permen. Aku iso tuku pisan ndak?”
Sri     : “Permen opo. Aku iku dodol Jamu, duduk permen.”
Abil   : “Permen seng ikulohhh (ngedipno mripat) Tak tuku wes sak njaluke samean.”
Jamu : (mikir-mikir) Tapi ojo kondo sopo-sopo yo. Nyok aku nduwe samene. Gelem gak 15 Juta?”
Abil   : “Beress. Samean pancen ngenten pun.” (nganu jempol)
          Wayae barange dikekno polisi teko nangkep tukang jamu iku.
Jamu                : “Loh pak, aku ojok ditangkep, piye ngko nasibe anak anakku.”
Polisi : “Wis gak usah protes, wani ngelakoni, wani bertanggung jawab.”
          Sawise bakul jamu iku ditangkep, penyebaran narkoba ing Desa Suka Makmur iso ditumpas. Iku mau amarga jasane Abil.



Dening kelompok 2 :
1.      Ari  Ifan Prasetyo                   (06) dados Doni
2.      Makhdoum Tosinmim             (17) dados Bandar
3.      Mira Fadhila Jaelani                (20 ) dados Sri
4.      M. Ilham Cahya                      (22) dados Polisi Lanang
5.      Nabila Puspita Firdi                (23) dados Abil
6.      Novi Nurindah Sari                 (25) dados Dini
7.      Nur Safitri Wibi Sari               (27) dados Dunu
8.      Sheliza Syahadan M.              (33) dados Polisi Wadon
9.      Shinta Rafidah                                    (34) dados Dini

Unsur  instrinsik “Bakul Jamu Nggawa Cilaka”
1.         Tema : Penyebaran Narkoba bisa lewat apa wae.
2.         Tokoh lan paraga :
·      Sri : tukang jamu ingkang cerewet lan gampang percoyo ora bisa ngebedaake sing apik lan ala.
·      Bandar : ala lan matrek.
·      Polisi lanang lan wadon : teges, sregep, nanging humoris.
·      Doni : seneng ngapusi lan ala.
·      Dina, Dini, lan Dunu: gampang terpengaruh lan ala.
·      Abil : becik.

3.      Latar
Ø  Wektu : awan lan bengi.
Ø  Panggonan : sekolah, polres, lan pos ronda.
Ø  Suasana : lucu lan negangake.
                            
4.         Alur
Maju

5.         Amanat
Kita sebagai generasi muda kudu bisa mbedaake sing ala lan apik. Ojo melu-melu jaman sing ora bener. Lan kudu bisa wani nanggung akibat kang dilakoake serta bisa milih kanca supaya ora salah pergaulan.



Komentar

Postingan Populer